Kamis, 19 Mei 2022

LATIHAN UMBKS BAHASA JAWA 2022


LEMBAR SOAL

Mata Pelajaran

Jenjang

Hari/Tanggal  

Waktu                        

: Bahasa Jawa

: Madrasah Ibtidaiyah

:

: 90 Menit

 

PETUNJUK UMUM

1.    Berdo’alah kepada Allah SWT sebelum memulai mengerjakan paket soal

2.    Isikan Identitas Anda ke dalam Lembar Jawaban Ujian Madrasah dengan menggunakan pensil 2B.

3.    Kerjakan terlebih dahulu soal-soal yang Anda anggap mudah.

4.    Isikan jawaban soal ke dalam LJUM sesuai petunjuk LJUM

5.    Tersedia waktu 120 menit untuk mengerjakan soal.

6.    Jumlah soal sebanyak 40 butir soal Pilihan Ganda dan 5 butir soal Uraian.

7.    Periksa dan bacalah soal-soal sebelum Anda menjawabnya.

8.    Laporkan kepada pengawas ujian apabila terdapat lembar soal yang kurang jelas, rusak, atau tidak lengkap.

9.    Periksalah pekerjaan Anda sebelum diserahkan kepada pengawas ujian.

 

     PETUNJUK KHUSUS

I.     Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d wangsulan sing koanggep bener!

1.    Teks kang ancase menehi informasi apa bae, bisa wujud lesan bisa uga wujud tulisan utawa gambar kasebut teks ….

a.       informasi

b.      narasi

c.       deskripsi

d.      persuasi

2.    Ing ngisor iki kalebu jinise teks informasi, kajaba ….

a.       teks narasi factual

b.      teks deskripsi

c.       teks persuasi

d.      teks pidhato

3.    Ukara-ukara kang njlentrehake prastawa ngenani apa, ana ngendi, lan kapan kedadeyan kang dumadi iku diarani …..

a.       pembuka pawarta

b.      isi pawarta

c.       penutup pawarta

d.      salam pawarta

4.    Medhia pariwara sing kacetak ana sajroning kertas yaiku medhia ….

a.       elektronik

b.      cetak

c.       sosial media

d.      internet

5.    Fungsi pariwara kanggo menehi penerangan lan informasi babagan sawijining barang kang diwartakake yaiku fungsi ….

a.       pemasaran

b.      komunikasi

c.       pendhihikan

d.      ekonomi

6.    Gatekna ukara ing ngisor iki!

1). Lugas basane

2). Angel dimangerteni lan ditampa

3). Isine direka-reka

4). Narik kawigaten

Tandha pariwara kang efektif katunjuk nomer ….

a.       (1) lan (2)

b.      (1) lan (4)

c.       (2) lan (3)

d.      (3) lan (4)

7.    Aksara Jawa lagi ditulis Santi ing buku tulis. ukara kasebut yen diowahi dadi ukara tanduk, dadi ....

a.       Santi lagi nulis aksara Jawa ing buku tulis

b.      Santi lagi ditulis aksara jawa.

c.       Aksara jawa lagi ditulis ing buku tulise Santi

d.      Nulis Santi aksara jawa ing buku tulis

a.   

8.    Karangan kang duweni ancas menehi pangaribawa (pengaruh) marang kang padha maca supaya gelem melu marang apa kang dikarepake pengarang diarani ….

a.       teks pawarta

b.      teks persuasi

c.       slogan

d.      pariwara/iklan

9.    Ing ngisor iki sing kalebu paugerane tembang macapat yaiku ….

a.       guru gatra, guru wilangan, guru swara

b.      guru sastra, guru gatra, guru lagu

c.       guru gatra, guru wilangan, guru lagu

d.      guru tembang, guru sastra, guru lagu

10.    Cacahe wanda (suku kata ) saben sagatra diarani …..

a.  guru gatra

b.  guru wilangan

c.  guru lagu

d. guru sastra

11.    Ibu lunga menyang pasar.

  Ukara mau menawa didadekake basa krama alus yaiku ....

a.  Ibu kesah menyang pasar.

b.  Ibu tindak dhateng peken.

c.  Ibu tindak menyang pasar.

d. Ibu kesah teng peken.

12.    Gatekna arane tembang ing ngisor iki!

  1). Campursari

  2). Lir-ilir

  3). Maskumambang

  4). Pocung

  Kang kalebu jinise tembang macapat yaiku ….

a.  (1) lan (2)

b.  (1) lan (4)

c.  (2) lan (3)

d. (3) lan (4)

13.    Unen-unen sajrone basalan kasusastraan jawa cacahe ana telu, yaiku ….

a.       paribasan, bebasan, saloka

b.      parikan, paribasan, bebasan

c.       paribasan, cangkriman, saloka

d.      paribasan, bebasan, pepindhan

14.    Mas Bayu ngagem rasukan abrit. Ukara kasebut yen diowahi dadi basa ngoko yaiku ....

a.    Mas Bayu duwe klambi abang.

b.    Mas Bayu tuku klambi abang.

c.    Mas Bayu seneng klambi abang.

d.   Mas Bayu nganggo klambi abang.

15.    Becik ketitik ala ketara.

Paribasan iku tegese ….

a.       Kelakuhane anak lumrahe tiru-tiru wong tuwane.

b.      Sing sapa wonge  kang tumindak becik bakal diganjar apik.

c.       Becik utawa ala bakal ketara ing tembe burine.

d.      Sing becik lan sing ala ora bakal ketok ing akhire.

16.    Pakboletus tegese tepak kebo lelene satus. Mangkono iku kalebu cangkriman ….

a.       wancahan

b.      plesetan

c.       pepindhan

d.      tembang

17.    Ciri-cirine cangkriman sinebut ing ngisor iki kajaba ….

a.       tembunge cekak

b.      unen-unen kang kudu di batang

c.       bisa digunakake kanggo gegojekan

d.      digunakake kanggo panyandra

18.    Jinise cangkriman sinebut ing ngisor iki kajaba ….

a.       wancahan

b.      pepindhan

c.       plesetan

d.      paribasan

19.    Gatekna cakepan tembang ing ngisor iki!

Bapak pucung, renteng-renteng kaya kalung

Dawa kaya ula

Pencokanmu wesi miring

Sing disaba, si pucung mung turut kutha

Cangkriman kui batangane ….

a.       odhong-odhong

b.      mobil

c.       ula sawa

d.      sepur

20.     Pitik walik saba meja, batangane ….

a.       sapu

b.      sulak

c.       nanas

d.      taplak meja

21.     Joko Seger lan Rara Anteng muja semedi ing pucuke Gunung Lejar. Anggone muja semedi dikantheni rasa temen-temenan supaya kekarone keturutan duwe putra. Sanajan suwene patang puluh dina patang puluh bengi lan akeh panggodane, kakarone tetep mantep muja semedi.

Saka perangan crita kasebut sing dadi paraga utama yaiku ….

a.       Joko Seger

b.      Joko

c.       Rara

d.      Putra

22.    Omongan utawa guneman ana ing sangarepe wong akeh kang nduweni tujuan tertamtu diarani …..

a.       sesorah

b.      geguritan

c.       pacelathon

d.      obrolan

23.    Ibu tindak pasar arep … sayuran.

Tembung krama sing cocok kanggo ngisi ceceg-ceceg ukara ing ndhuwur  yaiku ….

a.       mundhut

b.      tumbas

c.       tuku

d.      ngasta

24.    Bapak ngunjuk kopi ing warung pojok.

Ukara ing dhuwur nggunakake basa ….

a.       ngoko lugu

b.      ngoko alus

c.       krama alus

d.      krama lugu

25.    Ngunjukake puja puji syukur marang Gusti Kang Maha Agung lan matur nuwun marang para rawuh, kalebu … pidhato.

a.       pambuka

b.      isi

c.       panutup

d.      dudutan

26.    Pidhato kenegaraan diarani pidhato ….

a.       resmi

b.      ora resmi

c.       pribadi

d.      pemerintah

27.    Pidhato sing tanpa persiapan diarani metodhe ….

a.       naskah

b.      impromptu

c.       ekstemporan

d.      memoriler

28.    Ukara ing ngisor iki sing kalebu ukara pitakon yaiku ….

a.       Ayo budhal sekolah bareng, Gus!

b.      Naila, Takhsya, lan Eva jajan menyang kantin.

c.       Dang papaken adhikmu!

d.      Kowe mau apa uwis sarapan?

Gambuh

            Sekar gambung ping catur

            kang cinatur polah kang kelantur

            Tanpo tutur katula-tula katali

            Kadulu warsa kapatuh

            Katuduh pan dadi awon

 

29.    Tembang gambuh ing dhuwur, guru wilangan lan guru lagune  gatra ke-2 yaiku ....

a.       8 a

b.      8 i

c.       10 a

d.      10 u

30.    Simbah ... Semarang ... kreta Argo Lawu.

Tembung kang cocog kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ....

a.    lunga, mundhut

b.    tindak, nitih

c.    lunga, numpak

d.   kesah, nitih

31.    Gatekna gambar ing ngisor iki!

 


Gambar pahlawan ing dhuwur asmane ….

a.       Pangeran Diponegoro

b.      Imam Bonjol

c.       Ki Hajar Dewantara

d.      Pangeran Antasari

32.    Gatekna ukara ing ngisor iki!

1). Pidhato

2). Wara-wara

3). Pawarta

4). Biografi

Nyemak crita sing kalebu nyemak intensif yaiku nomer ….

a.       (1) lan (2)

b.      (1) lan (4)

c.       (2) lan (3)

d.      (3) lan (4)

33.    Pak Herman olehe nyambut gawe nganti adus kringet. Tembung entar kang kacetak miring duweni teges ....

a.       nyambut gawe abot banget

b.      kringeten koyo wong adus

c.       nyambut gawe akeh kringete

d.      leh nyambut gawe ora rekasa

34.    Numpak becak rodhane bunder

Tuku benik rupane ireng

Paling penak dadi bocah pinter

Bijine apik ….

Lanjutane parikan ing dhuwur yaiku ….

a.       atine seneng

b.      atine peteng

c.       polahe meneng

d.      atine anteng

35.    Ing ngisor iki sing kalebu ukara panutup sesorah/pidhato yaiku ....

a.       Sugeng siang

b.      Para kadang peserta praktik engkang kulo tresnani

c.       Bapak Sukadi ingkang kula hurmati

d.      Makaten atur kawula, kirang ugi lepat nyuwun pangapunten.

36.    Bantal emas iku jinising duren unggul kang asale saka Kabupaten Langkat, Sumatra Selatan. Wujude memper kukusan rada dawa. Bobote duren siji udakara telu nganti nem kilogram. Rupa kulite ijo semu kuning nganti kuning banget. Eri kulite cedhak-cedhak. Isine duren bisa tekan patlikur pongge. Ukara pokok wacan kasebut yaiku ....

a.       Bantal emas iku jinising duren unggul kang asal saka Kabupaten Langkat, Sumatra Selatan.

b.      wujude duren memper kukusan rada dawa.

c.       bobote duren siji udakara telu nganti nem kilogram

d.      rupane kulite ijo semu kuning nganti kuning banget

37.    Dedalane guna lawan sekti

Ukara ing dhuwur guru wilangan lan guru lagune yaiku ....

a.       8u

b.      9a

c.       10a

d.      10i

38.    Cebloke mengisor, sing digoleki mendhuwur, batangane ….

a.       andha

b.      prau bocor

c.       gendheng bocor

d.      wong dhudhuk sumur

39.    Miturut swasanane, pidhato utawa sesorah kaperang dadi ....

a.       Pidhato kenegaraan lan pidhato perpisahan

b.      Pidhato ing sekolahan lan pidhato ing manten

c.       Pidhato pengetan Hardiknas lan pidhato presiden

d.      Pidhato resmi lan pidhato ora resmi

40.    Kanggo persiapane nulis teks pidhato becike gawe ….

a.       cengkorongan

b.      gagasan baku

c.       ukara

d.      dudutan

 

II.      Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

41.    Apa tegese pidhato iku?

- Ngandharake gagasan utawa panemu ana ing sangarepe wong akeh kanti tema tartamtu lan duweni ancas

42.    Sebutna struktur pidhato kanti urut! -     Salam pambuka, purwaka, isi/wigatining atur, pangarep-arep, panutup

43.    Sebutna struktur pidhato kanti urut! - Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu

44.    Apa kang diarani guru gatra? -  Guru gatra yaiku cacahe larik saben sapada ing tembang macapat

45.    Sebutna 3 tuladhane tembang macapat!

  Mijil, maskumambang, sinom, asmarandana, dhandhanggula, megatruh, pocong, lsp.

 

 


 

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

MATERI

PENGHITUNGAN JAM KURIKULUM MERDEKA

  https://nihayatulamal.sch.id/berita-struktur-kurikulum-merdeka-tingkat-madrasah-ibtidaiyah-mi.html Struktur Kurikulum Merdeka Tingkat Madr...