Sabtu, 17 Januari 2026

ADAB LAN KAWERUH

 

ADAB LAN KAWRUH

(Inggil  Abinaya)


Kathah titah ingkang ketaman pangertosan ingkang kirang wening nalika amidhangetaken ukara Arab, al-Adabu fawqal ‘Ilmi, ingkang asring dipun-tepaken kanthi prasaja: bilih adab punika langkung luhur tinimbang ngèlmu.


 Hananging, menawi dipun-rurah kanthi luhuring budi, ukara punika boten nyariosaken babagan asor-inggiling nilai, nanging ngenani prenahing palungguhan.


Adab boten ngasoraken kawruh, semanten ugi kawruh boten dipun-remehaken dening adab. Kalalihipun pinasthi dados paseduluran jati, kados pancer dalah palungguhanipun.


 Kawruh punika pamedaring cipta, déné adab punika pepayunging laku.


Kawruh tanpa adab, kadya curiga landhep tanpa warangka: saged nyabet, saged natoni, malah saged nyilakani sesami tuwin dhiri pribadi. 


Tiyang ingkang kawruhipun sundhul wiyat nanging boten tinalian dening tata, asring dados dhasaring angkara murka; nuwuhaken watak gumunggung lan ngenthengaken titah sanès. 


Kawruh ingkang boten kapangku dening adab saged malih dados racun, boten dados usada.


Kosokwangsulipun, adab tanpa kawruh, kadya lampah tanpa pituduh lintang: ketingal sareh lan alus, nanging saged kesasar tanpa dununging arah. 


Adab ingkang boten kasangga dening pangertosan saged mbleser dhateng kasalehan palsu; busananipun edi nanging suwung ing isi, lugu nanging kleru ing laku.


Mila, kawruh punika wigati minangka suluh ing nalar, déné adab punika kendhaling gesang. Kawruh maringi daya, adab maringi wates. Kawruh mbabaraken wawasan, adab nuntun satata. 


Kalalihipun boten prayogi dipun-tandhingaken minangka saingan, amargi sejatosipun adab punika sanes pepalang tumrap kawruh, nanging minangka panyelaras lan pangreksa jati.


Awit saking punika, boten trep manawi wonten panyandra:

“Muspra kawruhipun sundhul langit menawi boten nggadhahi adab.”


Ukara menika kados ngemot leres, nanging saged nuwuhaken sekat ingkang boten perlu, malah kadhangkala dados samudana ingkang nyirnakaken ajining kawruh. 


Ingkang langkung wening lan adil ing rasa, inggih punika:


 “Kawruh ingkang luhur kedah kineker dening adab, supados dados pepadhang, boten dados pamlarat.”


Utawi:

 “Kawruh tanpa adab boten sampurna, déné adab tanpa kawruh boten cetho jangkahipun.”


Adab punika sanes lawanipun kawruh, nanging pancer supados kawruh tansah lumaku ing margi kamulyan. 


Kawruh lan adab punika pindha sekar lan gandanipun: boten saged kapisah tanpa ngicalaken ayu lan aruming makna.


Mila, sumangga ngudi kawruh kanthi andhap asor, sarta nglelantas adab kanthi pangertosan. 


Awit ing pungkasan, kawruh ingkang dipun-agem kanthi adab badhe dados pepadhang jagad, boten dados pepeteng ingkang namung kinepungan busana kabecikan. 

( Insya Allah)


Kudus, 18.12.25

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

MATERI

ISRO' MI'RAJ Nabi Muhammad SAW

 ISRA’ MI‘RAJ PINANGKA PASEMON LAMPAH  (Inggil Abinaya) Nalika wengi pinilih dados wektu suci, lan sepi dados gapura panggihing rasa, piyant...