Senin, 20 Juni 2022

TULADHA PASRAH PANINGSET

 #TULADHA PASRAH PANINGSET#



(nyuwun panyaruwe saha pamprayogi)
Assalamualaikum wr wb
Kula nuwun..
Minangka puwakaning atur hanyenyadong berkahing Gusti ingkang maha Agung mugi hamemayungana wonten ing madyaning pepanggihan dalu punika.
Bapa Purwoto ingkang winantu ing pakurmatan, bilih sowan kula wanci dalu punika, kula rinesaya dening Bapa Hartono sekaliyan, ingkang sakperlu kula kadawuhan matur ing ngarsanipun Bapa Purwoto sekaliyan, ing dalu punika panjenengan ingkang kasuwun hanyalirani.
Hatur kula ingkang kapisan, kula kadawuhan ngaturaken salam wilujengipun Bapa Hartono sekaliyan, ingkang linambaran donga pamuji, mugi kahaturna dhumateng Bapa dhumateng Bapa Purwoto sekaliyan, minggahipun dhumateng para keluwarganipun.
Wondene jangkeping atur ingkang kaping kalih, kula kadawuhan hamasrahaken, paningset, abon abon sarta pangiring, hanggenipun haningseti rembag badhe hanjodhoaken putra turunipun, ingkang hanama pun bagus Ferdiyanto, kaliyan putra ingkang mijil putri saking Bapa Purwoto sekaliyan ingkang hasesilih pun rara ayu Minatun auwaliyah.
Sinaosa paningset, abon abon sarta pengiring menika hanamung sapala mugi wontena keparengipun, suka hanampi kanthi renaning penggalih.
Ugi kula kadawuhan ngaturaken redana, ingkang arupi arta, minangka syarat sarana hanggenipun ngawiwaha putra.
Mekaten Bapa Purwoto hanggen kula matur wonten ngarsa panjenengan, bilih atur kula kathah sanget ingkang dawah lepat, kula nyuwun agunging pangksama.
Minangka pungkasing atur kula pungkasi kanthi billahi taufik walhidayah wasalamualaikum wr wb
Suka
Komentari
Bagikan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

MATERI

PENGHITUNGAN JAM KURIKULUM MERDEKA

  https://nihayatulamal.sch.id/berita-struktur-kurikulum-merdeka-tingkat-madrasah-ibtidaiyah-mi.html Struktur Kurikulum Merdeka Tingkat Madr...