Jumat, 17 Juni 2022

CONTOH ATUR LAMARAN

 

#TULADHA ATUR PANEMBUNG UTAWI PANGLAMAR#
(nyuwun panyaruwe lan pamprayogi)
Assalamualaikum wr wb.
Kula nuwun..
Katentreman kawilujengan hawit Sih-ipun Gusti ingkang maha Agung mugi tansah kapatedhakaken dumateng panjenengan sedaya lan kula.
Bapa Jumali ingkang winengku ing suka lan basuki.
Sowan kula ing dalu punika, minangka sulih sariranipun Bapa Prapta kamsu, ingkang saperlu kadhawuhan matur wonten ngarsanipun Bapa Jumali sekaliyan.
Atur kula ingkang sepisan kadhawuhan ngaturaken salam kawilujenganipun Bapa Prapto kamsu sakkeluwarga mugi katur dhumateng Bapa Jumali sekaliyan minggahipun dhumateng para keluwarga ing ngriki.
Ingkang kaping kalih bilih ing wekdal punika Bapa Prapto kamsu tinangisan dening putranipun kakung ingkang hanama pun bagus Marsono ingkang tansah ngebun-bun enjang ajejawah sonten hanggenipun kesengsem kaliyan endahipun wanita.
Dene wanita kalawau mboten sanes putra pawestrinipun Bapa Jumali ingkang hasesilih pun rara ayu Fitria ayunti.
Pramila kanthi menika hambok bilih dipunkeparengaken, saha putra pawestrinipun Bapa Jumali ingkang hasesilih pun rara ayu Fitria ayunti kalawau dereng anggadahi pepacangan priya sanes, Bapa Prapto kamsu sekaliyan kepingin badhe hanjatu-kramaaken kaliyan putra kakungipun ingkang hanama pun bagus Marsono kalawau sagedta dados jodho salaminipun.
Dene ingkang pungkasan menawi sampun dipunkeparengaken, wekdal punika ugi kangge haningseti rembag badhe dipunsingseti mawi kalpika, supados anggenipun pepacangan saged sansaya rumaked.
Mekaten Bapa Jumali atur kula dhumateng panjenengan, kathah kekirangan saha kalepatan ingkang kula sandhang, kula nyuwun agunging samudra pangaksami, nuwun..
Atur kula, kula pungkasi billahi taufik walhidayah wasalamualaikum wr wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

MATERI

PENGHITUNGAN JAM KURIKULUM MERDEKA

  https://nihayatulamal.sch.id/berita-struktur-kurikulum-merdeka-tingkat-madrasah-ibtidaiyah-mi.html Struktur Kurikulum Merdeka Tingkat Madr...