Jumat, 03 Juni 2022

CONTOH TEKS PASRAH PENGANTIN KAKUNG BAHASA JAWA

 CONTOH TEKS PASRAH PENGANTIN KAKUNG BAHASA JAWA



Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuhu,..

Kasugengan, katentreman miwah kebagas warasan mugi tansah kajiwa kasalira dumatheng panjenengan sedaya dalasan kula sumrambah kulawarga waradin sagung dumadi widada niskala lulus raharja.

Para sepuh pinisepuh ajisepuh ingkang pana ing panawas miwah lebda ing pitutur ingkang pantes pinundi. Para pangemban pangembating praja satria ing nagari minangka dados pandam pandoming para kawula dasih ingkang tuhu pantes sinudarsana para kadang wreda, mudha miwah taruna ingkang cinaket ing manah ( kinasih ) mugi tinebihna ing sekathahing sikudhenda miwah deduka, awit kula kumawani tranyak tranyak minyak sagung para sumewa kanthi nilar subsitha miwah tata krama sedaya kala wau inggih kabekta anggen kula nuhoni pamundhutipun bapa Ahmad supados matur wonten ngarsanipun bapa Karsa minangka sulih sariranipun. 

namung sedaya kala wau inggih awit saking raos bombong salebeting manah prasasat kajugrugan wukir sari karoben segantan madu satemah boten kuwawi matur piyambak wonten ngarsa panjenengan sedaya ingkang punika kula sinaraya matur minangka talanging basa minangka purwaning atur wonten keparengipun kula ndherek ngaturaken raos puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Linangkung kerana awet saking berkah rahmad saha keparengipun, kula sakadang keluarga besan saking bapa Ahmad saget sowan dhateng  pidalemipun bapa Karsa kanthi wilujeng tanpa manggih rubeda setunggal punapa.

menggah wigatosing sowan kula ingkang sepisan kepingin pinanggih dhateng kasugengan bapa Karsa sekalian sumrambah dhumateng kadang klawarga, kaping kalihipun bapa Ahmad lumantar kula ngaturaken salam taklim konjuk ngarsanipun bapa Karsa miwah ngaturaken sungkem pangabekti konjuk dhumateng sanggya para tamu ingkang ing ari kalenggahan punika samya marak mahargya wonteng ing madyaning pahargyan punika, dene kaping tiganipun kepareng kula ngaturaken putra pinganten kakung sajuga hanenggih nakmas bagus Priyambada konjuk ngarsanipun bapa Karsa sekalian, ingkang punika linambaran sih budi rahayu, sumangga putra penganten kakung pun bagus Priyambada kula aturaken wonten ngarsa panjenengan.

Mugi kersa nampi kathi lumahing asta kekalih saha hamanggihaken/ handaupaken dhumateng putra pinanganten putri pun nyimas ayu Sekar Wangi lan mugi handadosaken suka renaning penggalih.

namung mawantu wantu panyuwunipun bapa Ahmad gandheng lare punika senadyan blegeripun ketingal sampun desawa ananging dereng sepintena menggah pangertosanipun, langung langkung babagan bale griya babar pisan dereng mangertosi, pramila masa borong anggen panjenengan paring wewarah paring panggulawentah, tuwin paring pawardi siwi ingkang tumuju dhumateng raharjaning bale wisma. 

dene kula sak kulawarga brayat besan saking bapa Ahmad sagedipun namung ndherek mangayubagya miwah amemuji, mugi putra panjenengan kekalih samangke anggenipun badhe lelumban wonten ing madyaning bebrayan agung tansah pinaringan rahayu wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambikala wiwit purwa madya dumugi wasesa kejawi saking punika kula sekulawarga ugi tansah nyuwun agunging samudra pangaksama wonten ngarsanipun bapa Karsa awit sowan kula hanganthi keluarga ingkang kathah bebasan kumrembyah kakean cacah ngreda kakean jiwa tartamtu handadosaken bot repoting sesanggen panjenengan, saha kathahing warga kula ingkang kurang subasita lan singklar saking rehning kautaman, minangka pungkasaning atur hambok bilih mangke sampun paripurna pahargyan punika kepareng kula sekulawarga nyuwun pamit medal pasilan mboten namung kula nyuwun puji lan pandunga saking panjenengan sedaya mugi lampah kula wiwit bidhal saking pahargyan dumugi griyanipun piyambak piyambak tansah manggih kawilujengan kalis ing sambikala, sanggyaning para tamu kakung miwah putri ingkang tansah winantu ing suka rahayu.

sakinten namung semanten anggen saged matur minangka sulih sarira saking bapa Ahmad sekulawarga, gandeng kula ngrumaosi namung manungsa lumrah ingkang boten lepat saking kekhilafan lan kekirangan, pramila sampun dados samestinipun bilih atur kula wonten ing ngajeng kathah lepatan saha kiranging trapsila subasita.

mugi panjenengan sedaya sampun ngantos kirang ing pamengku kersa hangluberaken agunging pangaksama, minangka pepet pepuntoning atur kula tansah asesanti “JAYA WIJAYANTI, TETEP JAYA SENADYAN NGADEPI SAGUNG RUBEDA”.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuhu,...


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

MATERI

PENGHITUNGAN JAM KURIKULUM MERDEKA

  https://nihayatulamal.sch.id/berita-struktur-kurikulum-merdeka-tingkat-madrasah-ibtidaiyah-mi.html Struktur Kurikulum Merdeka Tingkat Madr...