Rabu, 06 Desember 2023

CONTOH SOAL LATIHAN BAHASA JAWA KELAS VI

·            Wacan ing ngisor iki sing kalebu teks informasi yaiku ….

a. iklan, dongeng, cerita cekak                                        c. pawarta, pariwara, dongeng

b. deskripsi, iklan, pariwara                                             d. pariwara, dongeng, crita rakyat

·           Pariwara: Kabeh warga Desa Banyubiru mbesuk dina Selasa, 12 Mei 2019 wajib padha nggunakake hak pilih. Pilihan kepala desa sing dilaksanakake ing balai desa wiwit jam 08.00 nganti rampung.

Saka pariwara kasebut bisa entuk informasi ….

a. warga Desa Banyubiru mbesuk dina Selasa                c. wajib nggunakake hak pilih

b. pilihan kepala desa, Selasa, 12 Mei 2019                    d. wiwit jam 08.00 nganti rampung

·           Ibuku mundhut sapu kerik telu.

Ukara ing dhuwur iku kalebu jinise ukara ….

a.       ngoko alus                  b. ngoko lugu                          c. krama alus               d. krama lugu

·           Kula sampun tindak kalawau jam tiga.

Ukara mau luput manut unggah-ungguh. Tembung tindak benere ….

a.       lunga                          b. pamit                                   c. kesah                       d. dugi

·           Robert ngomong karo ibuke, becike nganggo basa ….

a. ngoko alus                    b. ngoko lugu                          c. krama alus               d. krama lugu

·           Ukara ing ngisor iki sing bener manut unggah-ungguh yaiku ….

a.       Aku nyuwun Bu Guru nyapu kelas                            c. Aku diutus Bu Guru nyapu kelas

b.      Kula disuwun Bu Guru nyapu kelas                          d. Kula mundhut Bu Guru nyapu kelas

·           Aja dadi manungsa sing duweni sifat ….

a. asih tresna                    b. angkara murka                    c. andhap asor             d. sopan santun          

·           Santoso iku kalebu arek sing pendhekar.

Pendhekar iku kalebu tembung camboran tugel sing tegese ….

a.       Pendhek tur kekar      b. wong sing sekti                   c. ahli bela diri                        d. tukang dhokar

·           Tembang macapat uga diarani tembang ….

a. cilik                               b. tengahan                              c. gedhe                       d. dolanan

 

Sampun mijil sang pratanggapati

Kawuryan mencorong

Amadhangi jagad saisine

Mangkana hembeging narapati

Mring pepadhang yekti

Teks kanggo nomer 15, 16, 17

 

 

 

 

 

 

·  






         Tembang ing dhuwur jenenge tembang ….

a. Kinanthi                       b. Mijil                                     c. Megatruh                 d. Sinom

·           Sasmitane tembang dumunung ing tembung ….

a.       Sampun                      b. lawuryan                             c. pratanggapati           d. mijil

·           Guru wilangan lan guru lagu gatra ke-4 yaiku ….

a. 6o                                 b. 10e                                      c. 10i                           d. 6i

·           Listrik ing jaman saiki wes dadi kebutuhan manungsa saben dina. Yen nganti listrik mati, wong-wong susah banget kaya ….

a. endhas gundhul dikepeti                                              c. kere munggah bale

b. bisa njara langit                                                            d. kuthuk kelangan babone

·           Kebo kabotan sungu. Paribasan iku tegese ….

a.       supaya sirahe sansaya isis                                           c. wong sing uripe rekasa jalaran kakehan anak

b.      wis kepenak ditambahi penak maneh                         d. kepenake manungsa iku tansah kurang

·           Pak Yudi nyilih dhuwit sayuta kanggo berobat marang Pak Manan. Pak Manan gelem nyilihi nanging yen sesasi ora bisa mbalekake kudu nambahi satus ewu.

Kedadeane Pak Manan ngene iki bisa dibebasakake ….

a.       Diwenehi ati ngrogoh rempela                                   c. Tulung menthung

b.      Sepi ing pamrih, rame ing gawe                                d. Tuna satak bathi sanak

·           “Kedadeane ing lapangan Kecamatan Bangoan”.

Unsur pambangun kang dituduhake saka ukara ing dhuwur yaiku ….

a. ing ngendi dumadine (where)                                      c. kapan dumadine (when)

b. apa kang dumadi (what)                                              d. kepriye dumadine (how)

·           Perkara sepele dadi perkara gedhe, bebasane  ….

a. kriwikan dadi grojokan                                                c. kebo nusu gudel

b. adigang, adigung, adiguna                                           d. becik ketitik ala ketara

·           Aja nyeleh dhuwit glethak glethek mundak ilang, jalaran kelas kene ana kanca sing ….

Tembung entar sing bener kanggo nggenepi ukara ing dhuwur yaiku ….

a. cupet pikire                   b. gedhe sirahe                        c. tipis lambene           d. dawa tangane

·           Unen-unen kang gumathok ngemu surasa pepindhan, dene pepindhan mau tumrap wong lan kahanan utawa pakartine diarani ….

a. bebasan                         b. teks deskripsi                      c. paribasan                 d. saloka

·           Unsur pambangun informasi kang nuduhake ngenani alasan utawa sebab dumadine sawijine kadadean yaiku ….

a.    kapan                           b. kepriye                                c. ing ngendi               d. geneya

 

 

·           Tembang macapat iku cacahe ana ....11

·           Guru wilangan lan guru lagu gatra “mingkar mingkuring angkara” yaiku ... 8a

·           Cacahing larik saben sapada tembang macapat diarani …. Guru gatra

·           Unsur pambangun teks informasi kang nuduhake ngenani papan panggonan dumadine sawijining kadadean yaiku ….ing ngendi

·           Anoman iku wujude kethek nanging sekti …. Mandraguna

·           Sapi, kebo, wedhus iku diarani ….raja kaya

·           Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani ....guru lagu

·           Wong sing nglakokake wayang diarani …. dalang

·           Endhas gundhul … tegese wis kepenak isih ditambahi kepenak.

Ganepe bebasan ing dhuwur yaiku ….dikepeti

·           Yen matur marang wong sing luwih tuwa becike nganggo basa ….krama alus

 

 

·           Tulisna 3 wae sing kalebu jinise teks informasi! . Pariwara, iklan, teks deskripsi, pawarta

·           Ukara ing ngisor iki owahana  nganggo basa krama alus!

a. Budhe tuku tas ing Pasar Kliwon                     b. Paklik lunga menyang Padang mau bengi

a. Budhe mundhut tas dhateng Pasar Kliwon                b. Paklik tindak dhateng Padang kalawau dalu

·           Sebutna jenise tembang macapat 4 wae! Pocung, mijil, megatruh, maskumambang, dhandhanggula, pangkur, sinom, kinanthi, asmaradana, durma, gambuh

·           Apa tegese paribasan “kebo nusu gudel”? Wong tuwa njaluk warah marang wong enom

·           Sebutna 3 paugerane tembang macapat! Guru gatra, guru wilangan, guru lagu


Selasa, 07 November 2023

CANDRA TEMANTEN PUTRI

 ANCER-ANCER CANDRA MANTEN PUTRI CAKRIK SIGER SUNDA.

-------------------------------------


Kapethik saking RGP-4.

Karipta: Ki Sastro


Wahyaning mangsa wigati Sinanggit laksita harja.

Miyosipun panganten putri saking sasana adi, hya sasana busana sinebat tepas wangi.

Binarung suwaraning gangsa ambabar Ketawang Sekar Teja laras slendro manyura..


Ana teja maya-maya kumaluwung sumirat, cumalorot pating plancurat Lir dipaning jagad.

Lamat lamat sang hima-imantaka sumilak kawiyak dening sunaring surya kang mawa praba.

Punika ta tejane risang panganten putri kang daya-daya miyos saking tepas wangi, Kakanthi dening Ibu rengga busana hya Ibu juru sumbaga, binayangkare para wanudya tumuju mring sasana pala krama.


Risang panganten Putri kawuryan ngagem busana kang sarwa retna tinaretes benang sotya hangemba garwa nata. Kawistara ing mustaka rinengga makutha putri siger sunda.

Nenggih punika rerenganing pengaten putri kang mulat hing endahing busana jawa dwipa, datan singlar saking adiluhunging budaya.


Makutha putri siger sunda, hamimbuhi prabawa. Kasulistyaning panganten putri lamun cinandra kadya sasadara purnama, endah edi milangoni hanegsemke ati.

Kawistara makutha putri siger sunda kang pinajang ing sak ngiggil palarapan, dadya pralambang kapribaden kang kebak kawicaksanan. Asung pralampita sampurnaning wanudya tama bangkit kinarya tuladha mersudi budaya lan gegambaraning wanudya tama.

Pinasri makutha putri lungid ing madya, temah tumengga kadya sinangga mulung ing gegana, dana pralampita sumembahing jalma kan kareksa dening hyang dewa bathara hya gusti kang maha Nasa.


Kawuryan ing katebihan ukeling rema panganten putri, pinasri mring cundhuk mentul tinata pinatut, 

Hangemba sekar cahya dipaning jagad raya kang cacah sapta.

Cundhuk mentul hya Kembang goyang Wilangan panca madhep matep megarep nut enering makutha putri siger sunda. Minangka gegambaran cahyaning gesang kang mulat pranataning agama datan ninggal kuwajiban limang perkara.


Dene kang wilangan Dwi kadya tinoleh ingwuri, dadi tandha kaca benggala lan pangati ati, uga dadya srana risang panganten putri nadyan kadulu ing pukuring angga, tansah kawuryan sulistya ing warna anggenya lumaksana tumuju mring sasana pinajanging akrama, hanggung ginala nala kebak wibawa.

Gandes luwes solah bawanya sapecak mangu, tumibaning pada ing batala tansah nut ungeling gangsa bebasan midak wirama. Rinengga ing ukelira reroncen puspita madhep sumungkem magandhap. Sekar Rinonce kang kongas gandane, dene panca luwih eka kang dadi wilangane, dadya pralampita wanita kang setya tuhu mring raka garwa.


 Uga ana sekar rinonce kang kawastanan Magle,

Mangle kang maneka warna jenege, ana mangle pasung sinusun, kasisir kadya mayang sari kang manetep. Mangle susun kang mapan ing pungkuring karna sisih kiwa mingka sasmita, angenya nanangi babrayan tansah linandhesan Ati kang suci, kapanggalih kanthi permati nata ati loro dadi siji.


Dene Wujude Mangle kang winastan mayang sari pinasang pepasri ing talingan iring kanan, mayang sari wis manunggal ing Rasa, sedya eling lan sabaring Ati, Adoh saka berdondi, hangesthi mring hyang maha suci murih sembada kang sinedya kajumbuh kang ginayuh.

Dene reroncening sekar melati karengga mring puspita nunggal Rasa nunggal ganda, kang kumlewer tumiba ing jaja. Asung pralampita sedaya kang dumadi ing madyaning bale wisma, sampun kacitra ing nala locitaning driya, ugi ing thelenging wardaya. Budidaya lan prasapa murih jenjem lan tentreming kulawarga datan wonten panyakrabawa ala, butarepan kang ngridhu kabagya.


Dene kang wekasan, ana pepethan cithak ing palarapan kadya kupat sinigaran, kang dumadi saking ron suruh kapragad pinetha enering kiblat papat, purwa, pracima, duksina myang utara, uga kadya kartika sinangga ing gegana, sumilak dadya srana tolak balak hanyirna panca baya, ngruwat sukerta. Murih sedaya sarap sawan dalan, pringga bayaning marga kabucal kelem ing telenging samudra. 

Nenggih punika ta wusana rumpaking panyandra, makutha putri siger sunda kang kadya mubyar sumunar ing awiyating mustaka, jejangkeping panyandra kadya sasadara Nedheng purnama hamadhangi gegana myang jagad kisma,

------------------------------------

Jika ada Kritik, masukan, panacad, permaidoan dipersilahkan

MATERI

SAMBUTAN KAMAD - KELULUSAN

 Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh,Yang saya hormati Bapak/Ibu Komite Sekolah,Yang saya hormati Bapak/Ibu guru dan seluruh staf SD...