Selasa, 07 November 2023

CANDRA TEMANTEN PUTRI

 ANCER-ANCER CANDRA MANTEN PUTRI CAKRIK SIGER SUNDA.

-------------------------------------


Kapethik saking RGP-4.

Karipta: Ki Sastro


Wahyaning mangsa wigati Sinanggit laksita harja.

Miyosipun panganten putri saking sasana adi, hya sasana busana sinebat tepas wangi.

Binarung suwaraning gangsa ambabar Ketawang Sekar Teja laras slendro manyura..


Ana teja maya-maya kumaluwung sumirat, cumalorot pating plancurat Lir dipaning jagad.

Lamat lamat sang hima-imantaka sumilak kawiyak dening sunaring surya kang mawa praba.

Punika ta tejane risang panganten putri kang daya-daya miyos saking tepas wangi, Kakanthi dening Ibu rengga busana hya Ibu juru sumbaga, binayangkare para wanudya tumuju mring sasana pala krama.


Risang panganten Putri kawuryan ngagem busana kang sarwa retna tinaretes benang sotya hangemba garwa nata. Kawistara ing mustaka rinengga makutha putri siger sunda.

Nenggih punika rerenganing pengaten putri kang mulat hing endahing busana jawa dwipa, datan singlar saking adiluhunging budaya.


Makutha putri siger sunda, hamimbuhi prabawa. Kasulistyaning panganten putri lamun cinandra kadya sasadara purnama, endah edi milangoni hanegsemke ati.

Kawistara makutha putri siger sunda kang pinajang ing sak ngiggil palarapan, dadya pralambang kapribaden kang kebak kawicaksanan. Asung pralampita sampurnaning wanudya tama bangkit kinarya tuladha mersudi budaya lan gegambaraning wanudya tama.

Pinasri makutha putri lungid ing madya, temah tumengga kadya sinangga mulung ing gegana, dana pralampita sumembahing jalma kan kareksa dening hyang dewa bathara hya gusti kang maha Nasa.


Kawuryan ing katebihan ukeling rema panganten putri, pinasri mring cundhuk mentul tinata pinatut, 

Hangemba sekar cahya dipaning jagad raya kang cacah sapta.

Cundhuk mentul hya Kembang goyang Wilangan panca madhep matep megarep nut enering makutha putri siger sunda. Minangka gegambaran cahyaning gesang kang mulat pranataning agama datan ninggal kuwajiban limang perkara.


Dene kang wilangan Dwi kadya tinoleh ingwuri, dadi tandha kaca benggala lan pangati ati, uga dadya srana risang panganten putri nadyan kadulu ing pukuring angga, tansah kawuryan sulistya ing warna anggenya lumaksana tumuju mring sasana pinajanging akrama, hanggung ginala nala kebak wibawa.

Gandes luwes solah bawanya sapecak mangu, tumibaning pada ing batala tansah nut ungeling gangsa bebasan midak wirama. Rinengga ing ukelira reroncen puspita madhep sumungkem magandhap. Sekar Rinonce kang kongas gandane, dene panca luwih eka kang dadi wilangane, dadya pralampita wanita kang setya tuhu mring raka garwa.


 Uga ana sekar rinonce kang kawastanan Magle,

Mangle kang maneka warna jenege, ana mangle pasung sinusun, kasisir kadya mayang sari kang manetep. Mangle susun kang mapan ing pungkuring karna sisih kiwa mingka sasmita, angenya nanangi babrayan tansah linandhesan Ati kang suci, kapanggalih kanthi permati nata ati loro dadi siji.


Dene Wujude Mangle kang winastan mayang sari pinasang pepasri ing talingan iring kanan, mayang sari wis manunggal ing Rasa, sedya eling lan sabaring Ati, Adoh saka berdondi, hangesthi mring hyang maha suci murih sembada kang sinedya kajumbuh kang ginayuh.

Dene reroncening sekar melati karengga mring puspita nunggal Rasa nunggal ganda, kang kumlewer tumiba ing jaja. Asung pralampita sedaya kang dumadi ing madyaning bale wisma, sampun kacitra ing nala locitaning driya, ugi ing thelenging wardaya. Budidaya lan prasapa murih jenjem lan tentreming kulawarga datan wonten panyakrabawa ala, butarepan kang ngridhu kabagya.


Dene kang wekasan, ana pepethan cithak ing palarapan kadya kupat sinigaran, kang dumadi saking ron suruh kapragad pinetha enering kiblat papat, purwa, pracima, duksina myang utara, uga kadya kartika sinangga ing gegana, sumilak dadya srana tolak balak hanyirna panca baya, ngruwat sukerta. Murih sedaya sarap sawan dalan, pringga bayaning marga kabucal kelem ing telenging samudra. 

Nenggih punika ta wusana rumpaking panyandra, makutha putri siger sunda kang kadya mubyar sumunar ing awiyating mustaka, jejangkeping panyandra kadya sasadara Nedheng purnama hamadhangi gegana myang jagad kisma,

------------------------------------

Jika ada Kritik, masukan, panacad, permaidoan dipersilahkan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

MATERI

PENGHITUNGAN JAM KURIKULUM MERDEKA

  https://nihayatulamal.sch.id/berita-struktur-kurikulum-merdeka-tingkat-madrasah-ibtidaiyah-mi.html Struktur Kurikulum Merdeka Tingkat Madr...