Kamis, 04 Juli 2024

SASI SURA - KISAH HUSAIN CUCU NABI MUHAMMAD SAW

 ⚠️ 𝗖𝗔𝗥𝗔 𝗣𝗥𝗜𝗬𝗔𝗡𝗧𝗨𝗡 𝗝𝗔𝗪𝗜 𝗔𝗦𝗨𝗡𝗚 𝗞𝗨𝗥𝗠𝗔𝗧 𝗗𝗛𝗔𝗧𝗘̂𝗡𝗚 𝗦𝗔𝗬𝗬𝗜𝗗𝗜𝗡𝗔 𝗛𝗨𝗦𝗘𝗜𝗡

===================================



𝗪𝗢𝗡𝗧𝗘̂𝗡- satunggiling putu matur dhatêng simbahipun, "Mbah, punapa salêbêtipun budaya Jawa ing wulan  Surå (Muharram) mbotên parêng ngawontenaken hajatan, punåpå amargi Nyai Ro Kidul ing wulan Surå punika mantu?!" (hajatan mantenan)


Simbah mangsuli, "Ora ... ora jalaran saka iku lé, piyayi Jawa iku aèng lan nduweni kabudayan sajeroning ngurmati sawijining kedadeyan. Dadi ora ana sambung-rapete kêlawan Nyi Rårå Kidul utawa Ratu nggisik kidul ing nusa pulau Jawa. Ing jaman kraton Singosari, lan Majapahit isih durung ana kapitayan anané Nyi Rårå Kidul/Ratu gisik kidul. Nanging jumedhule crita kasebut ing jaman kraton Islam Mataram. Dadi babarblas ora sambung-rapete babagan pelarangan nggawé andrawina pawiwahan kêlawan Nyi Rara Kidul/Ratu Pantai Selatan.”


Nuli putu kasêbut tangled malih, "Lajêng, punapa pawadanipun mbah, kok piyantun Jawa punika botên ngawontenaken Hajatan pawiwahan ing salêbêtipun wulan Sura/Muharrom mbah?!"


"Mangkéné Lé, piyayi Jawa iku banget ngormati  maring Kanjeng Nabi saw lan keluargane. Ing tgl 10 Muharrom wayahé Kanjeng Nabi Saw kang asesilih Sayyidina Husein (Yèn wong Jawa nyebuté Kusen), dipilara lan disembelih ing ara-ara Karbala ....


Nuli mustakane wayah Kanjeng Nabi saw iku tinancêpaké ing tumbak lan diarak saka Karbala nuju maring Kufah nuli diarak manèh nuju kratoné Yazid bin Muawiyyah ....

Sisa-sisa kulawarga Kanjeng Nabi Saw kang wilujěng kasêbut iku nggawé adat utawa tradhisi mrenahake sabên wulan Muharrom didadèkaké wulan duhkita utawa kasungkawan, tumêka wong-wong iku ora padha nganakaké andrawina kêmbul bujana, amarga kanggo ngurmati utawa mèngêti kadadéyan miris sédané leluhuré Sayidina Husein lan kaluwargane ...


Tradhisi kasebut ginawa dening para pambabar agama Islam nuju ing nusa Jawa kéné kang akèh-akèhé maksih trahe Kanjeng Nabi Saw lumantar jalur Sayyidina Hasan lan Sayyidina Husein, lan tradhisi kasebut tinampa lan kababar kanthi panggraita wong Jawa yeku kanthi nggawe pralambang Bubur Surå. Wondi warna putih iku mratandhani Sayyidina Hasan lan abang iku mratandhani Sayyidina Husain minangka pralambang kanggo ngemuti wayah dalêm Kanjeng Nabi Saw ...


Putu iku banjur matur, "Jêbul makatên ta lumarahing cariyos mbah, lajêng punapa gandhèng-cenengipun ing salêbêtipun wulan Surå/Muharrom punika tiyang Jawi kadhawuhan laku prihatos lan njamasi dhuwung lan pusaka sanèsipun ingkang dados gadhahanipun, mbah?!"


Ngéné lho lé, wong Jawa iku bangêt wicaksana lan ... sabên tradhisi mêsthine ana ancas lan tujuwané.

Ya gene kadhawuhan laku prihatin ing sajeroning wulan Surå ...? Yeku supaya mudhêng mênåwå ing wulan Surå iku kulawarga Kanjeng Nabi Saw nêmbé sungkawa, susah, Sayyidina Husein kapunggel mustakané, wondéné rombongan wanitane diarak, disawati, diidoni, dipoyoki lan dinyek, diasiraké. Kawitan saka ara-ara Karbala tumuju  kantor Gubenur ing Kufah Irak, nuli nuju marang Istana Yazid ing Syam (Syiriya).

Dadi wulan Muharrom iku wulan duhkita, sungkawane kulawarga Kanjeng Nabi Saw. Lan minangka wujud pakurmatan, adaté wong Jawa iku nora gêlêm nganakaké andrawina, kembul bujana ing wulan Surå iki kanggo ngajeni lan ngurmati kulawarga Kanjeng Nabi Saw .... 


Wondéné njamasi keris lan pusaka liyane, iku uga padha waé minăngka pralambang, mangku têgês lan piwêling manawa pralambang kadidéné sumadya, siyaga, samekta arsa perang ngrabasa mungsuh .... 

Kang mangkéné iki supaya kita emut maring kadadéyane Sayyidina Husein lan pira-pira sahabat lan kerabate kang maksih bocah-bocah kanthi grêgêt ngrabasa mungsuh-mungsuhe, tumêka kabèh padha seda kapêrjaya lan séda Syahid ing Karbala.


Iku cara wong Jawa ngurmati Sayyidina Husein. Wong Jawa iku ora mudhêng apa iku Sunni apa iku Syi’ah. Kang kapikirake wong Jawa iku kok ana wong kang ngaku Islam, pandherek Kanjeng Nabi Muhammad Saw, nanging destun anak turuné Nabine kapêrjaya lan digawe ina.


Upama Sayyidina Husein mbiyèn sugêng ing tanah Jawa, mangka wong-wong Jawa mêsthi bakal mulyakaké lan ngurmati. Mula saka iku sabên wulan Surå/Muharrom, wong Jawa nggawé Jenang Kasan lan Kusen (Hasan lan Husein).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

MATERI

PENGHITUNGAN JAM KURIKULUM MERDEKA

  https://nihayatulamal.sch.id/berita-struktur-kurikulum-merdeka-tingkat-madrasah-ibtidaiyah-mi.html Struktur Kurikulum Merdeka Tingkat Madr...