⚠️ đđđ„đ đŁđ„đđŹđđĄđ§đšđĄ đđđȘđ đđŠđšđĄđ đđšđ„đ đđ§ đđđđ§đ̂đĄđ đŠđđŹđŹđđđđĄđ đđšđŠđđđĄ
===================================
đȘđąđĄđ§đ̂đĄ- satunggiling putu matur dhatĂȘng simbahipun, "Mbah, punapa salĂȘbĂȘtipun budaya Jawa ing wulan SurĂ„ (Muharram) mbotĂȘn parĂȘng ngawontenaken hajatan, punĂ„pĂ„ amargi Nyai Ro Kidul ing wulan SurĂ„ punika mantu?!" (hajatan mantenan)
Simbah mangsuli, "Ora ... ora jalaran saka iku lĂ©, piyayi Jawa iku aĂšng lan nduweni kabudayan sajeroning ngurmati sawijining kedadeyan. Dadi ora ana sambung-rapete kĂȘlawan Nyi RĂ„rĂ„ Kidul utawa Ratu nggisik kidul ing nusa pulau Jawa. Ing jaman kraton Singosari, lan Majapahit isih durung ana kapitayan ananĂ© Nyi RĂ„rĂ„ Kidul/Ratu gisik kidul. Nanging jumedhule crita kasebut ing jaman kraton Islam Mataram. Dadi babarblas ora sambung-rapete babagan pelarangan nggawĂ© andrawina pawiwahan kĂȘlawan Nyi Rara Kidul/Ratu Pantai Selatan.”
Nuli putu kasĂȘbut tangled malih, "LajĂȘng, punapa pawadanipun mbah, kok piyantun Jawa punika botĂȘn ngawontenaken Hajatan pawiwahan ing salĂȘbĂȘtipun wulan Sura/Muharrom mbah?!"
"Mangkéné Lé, piyayi Jawa iku banget ngormati maring Kanjeng Nabi saw lan keluargane. Ing tgl 10 Muharrom wayahé Kanjeng Nabi Saw kang asesilih Sayyidina Husein (YÚn wong Jawa nyebuté Kusen), dipilara lan disembelih ing ara-ara Karbala ....
Nuli mustakane wayah Kanjeng Nabi saw iku tinancĂȘpakĂ© ing tumbak lan diarak saka Karbala nuju maring Kufah nuli diarak manĂšh nuju kratonĂ© Yazid bin Muawiyyah ....
Sisa-sisa kulawarga Kanjeng Nabi Saw kang wilujÄng kasĂȘbut iku nggawĂ© adat utawa tradhisi mrenahake sabĂȘn wulan Muharrom didadĂškakĂ© wulan duhkita utawa kasungkawan, tumĂȘka wong-wong iku ora padha nganakakĂ© andrawina kĂȘmbul bujana, amarga kanggo ngurmati utawa mĂšngĂȘti kadadĂ©yan miris sĂ©danĂ© leluhurĂ© Sayidina Husein lan kaluwargane ...
Tradhisi kasebut ginawa dening para pambabar agama Islam nuju ing nusa Jawa kĂ©nĂ© kang akĂšh-akĂšhĂ© maksih trahe Kanjeng Nabi Saw lumantar jalur Sayyidina Hasan lan Sayyidina Husein, lan tradhisi kasebut tinampa lan kababar kanthi panggraita wong Jawa yeku kanthi nggawe pralambang Bubur SurĂ„. Wondi warna putih iku mratandhani Sayyidina Hasan lan abang iku mratandhani Sayyidina Husain minangka pralambang kanggo ngemuti wayah dalĂȘm Kanjeng Nabi Saw ...
Putu iku banjur matur, "JĂȘbul makatĂȘn ta lumarahing cariyos mbah, lajĂȘng punapa gandhĂšng-cenengipun ing salĂȘbĂȘtipun wulan SurĂ„/Muharrom punika tiyang Jawi kadhawuhan laku prihatos lan njamasi dhuwung lan pusaka sanĂšsipun ingkang dados gadhahanipun, mbah?!"
NgĂ©nĂ© lho lĂ©, wong Jawa iku bangĂȘt wicaksana lan ... sabĂȘn tradhisi mĂȘsthine ana ancas lan tujuwanĂ©.
Ya gene kadhawuhan laku prihatin ing sajeroning wulan SurĂ„ ...? Yeku supaya mudhĂȘng mĂȘnĂ„wĂ„ ing wulan SurĂ„ iku kulawarga Kanjeng Nabi Saw nĂȘmbĂ© sungkawa, susah, Sayyidina Husein kapunggel mustakanĂ©, wondĂ©nĂ© rombongan wanitane diarak, disawati, diidoni, dipoyoki lan dinyek, diasirakĂ©. Kawitan saka ara-ara Karbala tumuju kantor Gubenur ing Kufah Irak, nuli nuju marang Istana Yazid ing Syam (Syiriya).
Dadi wulan Muharrom iku wulan duhkita, sungkawane kulawarga Kanjeng Nabi Saw. Lan minangka wujud pakurmatan, adatĂ© wong Jawa iku nora gĂȘlĂȘm nganakakĂ© andrawina, kembul bujana ing wulan SurĂ„ iki kanggo ngajeni lan ngurmati kulawarga Kanjeng Nabi Saw ....
WondĂ©nĂ© njamasi keris lan pusaka liyane, iku uga padha waĂ© minÄngka pralambang, mangku tĂȘgĂȘs lan piwĂȘling manawa pralambang kadidĂ©nĂ© sumadya, siyaga, samekta arsa perang ngrabasa mungsuh ....
Kang mangkĂ©nĂ© iki supaya kita emut maring kadadĂ©yane Sayyidina Husein lan pira-pira sahabat lan kerabate kang maksih bocah-bocah kanthi grĂȘgĂȘt ngrabasa mungsuh-mungsuhe, tumĂȘka kabĂšh padha seda kapĂȘrjaya lan sĂ©da Syahid ing Karbala.
Iku cara wong Jawa ngurmati Sayyidina Husein. Wong Jawa iku ora mudhĂȘng apa iku Sunni apa iku Syi’ah. Kang kapikirake wong Jawa iku kok ana wong kang ngaku Islam, pandherek Kanjeng Nabi Muhammad Saw, nanging destun anak turunĂ© Nabine kapĂȘrjaya lan digawe ina.
Upama Sayyidina Husein mbiyĂšn sugĂȘng ing tanah Jawa, mangka wong-wong Jawa mĂȘsthi bakal mulyakakĂ© lan ngurmati. Mula saka iku sabĂȘn wulan SurĂ„/Muharrom, wong Jawa nggawĂ© Jenang Kasan lan Kusen (Hasan lan Husein).