*Ancer-ancer Ujub slametan tirakatan Agustusan.*
----------------------------------------
Ubarampe:
-Tumpeng Rasulan (ingkung ayam Jawa)
-Tumpeng gudhangan
-Jajan pasar
-Kembang borehan
-Degan ijo dipun kendhiti janur katancepi gendera gula klapa alit. (Merah putih)
-Saged kajangkep jenang sengkala
Ujub:
Bismilah...
(Donga pambuka kajumbuhaken)
Kanthi ngagungaken Dzat Gusti kang asipat illahi kang maha suci Gusti kang maha kuwasa.
Pangeran kang kebak kamirahan,
Para warga dhusun.... ngrakit wilujengan tumpeng suci ulam sari kangge bekteni para leluhur kang sampun swargi para pahlawaning nagari kang bebela nagara nusantara, murud kasedan jati sowan mring gusti kang maha suci, mugi sedaya darma bekti lan pambelaning nusa bangsa kanthi wutahing ludira pesating nyawa dados kasedan jati lan seda kang utama tuhu pantes kapapanaken ing swarga loka.
Tumpeng jangkep gudhangan kinarya pandonga mugi sedaya warga dhusun lan negara Indonesia punika kamurahaken sandhang lan tedha, kinemong ing sawliring sikara katebihaken saking sakehing memala, sedaya sukerta lan panggoda ilang tebih tan bali malih, mugi nagari Indonesia punika pinaringan rahayu widada kukuh bakuh ayom ayem tentrem slamet warganipun, sempulur rezekinipun,
Mugi Gusti tansah nyekapi kabetahan sedaya titahipun lamun rezeki punika taksih nggantung ing langit mugu Gusti andhapake dhuh Gusti, lamun rezeki taksih kapendhem ing sangadhape bumi mugi paduka unggahaken, mugi sedaya warga dusun..... lan negara Indonesia punika pinaringana kabagaswarasan kinemong dening kyai among nyai among kang hamomongi sakehing jagad. Ing jagad padhang jagad peteng mugi sedaya rumeksa, ing rina lan wengi mugi tansah kajagi ing salebet umah sanjaba griya mugi tansah pinarigan bagya mulya rahayu widada uwal saking sedaya panggodha lan bebaya.
Jinangkep jajan pasar kang dadi panjanga kang ngreksa ing sawenehing keramean mugi Gusti nuntuni sedaya para mudha mudhi panerusing nagari, mugi tansah kasinung rasa hadarbeni ngleluri sedaya tilaran para luhur kang sampun suwargi, nerusaken sujarahing bangsa lan nagara mugi tansah antuk ridha lan panjampanging Gusti kang maha kuwasa,
mugi para warga para kawula lan para mudha kawimbuhana rasa tresna mring bangsa negaranipun.
Dados generasi kang piguna generasi kang mumpuni ing karya generasi kang tansah njaga lan ngreksa luhur agunging bangsa nagara lan budayanipun.
Rinakit kembang borehan kinarya wilujengan sedaya warga nyuwun mring hyang kuwasa mugi nagari Indonesia punika tansah kuncara ayom ayem tentrem ngganda arum. Subur makmur guyub rukun warganipun, katebihana saking crah lan bubrah mugi kajaga manahipun sedaya para panguwasa katuntun mring laku tama. Paduka paringana ngapura ing sedaya lepat lan dosa para leluhur bangsa, para pahlawaning negara, para pemimpin negari Indonesia punika. lan paduka paringana ngapura ing dosa lan kalepatan tiyang sepuh kula,
dhuh Gusti mugi panjenengan jaga, panjenengan reksa negari Indonesia punika saking sedaya pangodha lan bebaya mugi paduka paringana kawelasan lan paduka rindhani lan paduka ijabahi. Paduka tuntuni lan paduka paringana margining mulya. Mugi amanah kang sami nyepeng panguwasa. Mugi panjengan paringana
Subur makmur negari punika ayem tentrem sedaya warganipun.
Degan ijo kinarya panulak wisa. Lemah angker kayu aeng dadi tawa, janur kuning dadi nur cahyaning karaharjan lan kabegjan, jenang sengkala kinarya panulak sakehing sukerta, lumawat liwat ing naga dina ngliwati siti pasundari luputa saka bilahi kabeh.
Tansah pinayungan mring para widadari, kaseksen dening para malaikat lan Nabi kasembadan lan den ijabah dening ridhaning Gusti kang maha Suci.
(Donga jangkep panutup sapu jagad lsp kajumbuhaken)
